Selasa, 03 Januari 2012


SYAIR GUS DUR
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo petungan
==
Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syariat bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sengsoro
==
Akeh kang apal quran hadise
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe gak di gatek-ke
Yen isih kotor ati akale
==
Gampang kebujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndonyo
Iri lan dengki sugie tonggo
Mulo atine peteng lan nisto
==
Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine
==
Kang aran soleh bagus atine
Kerono mapan segi ilmune
Laku thoriqot lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane
==
Al-quran qodim wahyu minulyo
Tanpo tinulis biso di woco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo
==
kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badaan kabeh njeroan
Mu’zijat rasul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman
==
Kelawan allah kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan wengi
Di tirakati diriyadhoi
Dzikir lan suluk jo nganti lali
==
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar nerimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran
==
Kelawan konco dulur lan tonggo
Kang podo rukun ojo dak siyo
Iku sunahe rosul kang mulyo
Nabi muhammad panutan kito
==
Kang anglakoni sekabehane
Kang bakal ngangkat drajate
Senajan asor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate
==
Lamun palastro ing pungkasane
Ora kesasar roh lan sukmane
Den jadang allah swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese

Tidak ada komentar:

Posting Komentar